Selasa, 28 Januari 2014

INGSUN

SEDULUR PAPAT LIMO PANCER
1. MUTMAINAH : lungguhe ono djantung wujude arupa banyu rupane putih wateke suci tur temen lawange ono IRUNG irung kuwi perangone awak kang temen dewe
conto: ono wong goreng gerih. mripat durung weruh nanging irung wis weruh, buktine
mambu.  yen dinyatakke jebul yo nggoreng gerih temenan. ewo semono isih biso goroh.
conto: trasi ambune ora enak nanging yen di pangan rasane enak,buktine di butuh ake wong akeh.
conto maneh: kembang iku ambune wangi nanging yen di pangan rasane pahit.


2.AMARAH :lungguhe ono empedu (peru) wujude getih, rupane abang wateke, keras, angkoro murko/brangasan, lawange ono ing kuping. katerangane manungso biso ngrasakake olo lan becik margo duwe kuping, manungso duwe karep olo lan becik margo soko doyone GETIH sebab getih kang gawe obah mosike karepe manungso.
mulo manungso tanpo getih abang kahanan jagad ora bakal rame koyo kang kito lungguhi sak iki.


3.SUPIYAH: lungguhe ono pusuh. wujude angin rupane kuning,wateke nggugu kasenengan utowo ngumbar HOWO NAFSU lawange ono ing mripat. mulo mripat iku keno di arani lanange jagad. mripat kanggo deleng barang gumelar, mulo manungso duwe roso pengen margo mripate weruh, supiah lawangane ono mripat wujude angin kang metu soko IRUNG.


4. ALUAMAH :lungguhe ono ing waduk dene waduk iku gedonge panganan. yen usus gedonge kotoran. ALUAMAH Wujud lemah rupane ireng . wateke seneng ngrasak ake panganan sing enak2 butuhe mung seneng/lan enak2 lawangane ono ing CANGKEM mulo biso ciloko yo soko cangkem soko tembunge dewe. mulo CANGKEM duwe teges: CANCANGEN SUPOYO MINGKEM, tembung olo lan becik iku manggone podo wae mulo tinimbang guneman tembung sing olo olo aluwung sing becik2.


5.DJANGKEPE 5.LIMO yo iku sing di arani URIP KANG NGURIPI PATANG PRAKORO ,KANG KASEBUT ING DUWUR utowo sing di arani sedulur papat(4) kalimo pancer yoiku pancere ono ing URIP KATERANGANE: MUTMAINAH, AMARAH, SUPIYAH, ALUAMAH . kabeh di wengku dening URIP.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar